Jumat, 06 November 2015

Geguritan



Langit Gosong
Sumono Sandy Asmoro

Awan iki langit gosong
Kapanggang srengenge
Kang ngungasake panase
Sapandhurat salumahing jagad
Katon ireng mureng
Sumilire angin nyangking pawarta kingkin
Gegodhongan kelangan werno ijone
Pang-pang sengkleh kabotan sanggan

Awan iki langit gosong
Mugo-mugo mengko bengi
Rembulan isih bisa mesem
Senajan ngambang antarane kalegan
Lan lelaran

Isine geguritan ing duwur yaiku :
                Awan kang wus kecampuran kebul katon panas kena srengenge. Sumilire angin koyo-koyo nggowo pawarta. Kanthi godhong-godhong tansah kobong kelangan werno asline lan pang-pange tugel kabotan sing disonggo.

                Senajan langit isih peteng, nanging pengarang pengen rembulan ketok apik senajan mung setitik. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar